SEDIKIT CERITAKU DIKAMPUNG HALAMAN

Share:

Aku nulise ga usah gae boso kromo, boso biasa ae yo :d
jenengku oscar dewata lair neng blitar tepate kesamben kabupaten djugo, kampungku i adoh ambek kuto dadi sek sepi ga akeh mobil sliweran dalane yo mekgur lurus tok, hawane yo sek sejuk ga akeh polusi
keluargaku turun temurun dadi pewaris jurukunci tempat sembahyang umat budhha jenene lek neng kono lumpang biyen sing jogo sik mbah kakungku ko ibukku, 

aku lek sore bendino dijak ambek mbah kakung golek walang nang sawah,
biasane didekek nang botol lek wis entuk akeh digowo muleh ge pakan pitek mburitan. aku nduwe 6 dulur sepupu ko ibukku, 7 sepupu ko bapakku.. 

aku saiki cerito sing ambek dulur bapakku ae yo :d , 
mbah kakung ko bapaku i nduwe blumbang u akeh ambek nduwe gubuk ndewe turune kakungku i ora nang omah malah senenge neng gubuk aku yo ra roh nyapo tpi jarene penak an
neng gubuk.. aku sering mancing ambek galang,aul,piyan,blangkon,wahyu,faisal
sakdurunge biasane de e ngejak golek pakan bisane cacing lek cacing kudu macul sek neng kandang sapi, akeh e treh neng kono o
pakane yo iso sebangsa kecot,kul sing ampuh i malah gae larva tawon, tapi jimuk e jan angel aku kudu neng alas golek sarange lek ketemu di antemi gae watu sampe ceblok sarange, tapi yo kuwi sarang ceblok bapak/ibu e tawon emosi wkwkwk.. dolanku biyen ambek konco2 ku i wis koyo bolang mergo akeh alas ambek sawah, sakjane i mancing neng blumbang mbahkungku i uangel iwak e wis pinter jan ra gelem gandoli kail blas.
Biasane lek angel aku ambek konco2ku neng kali brantas jarak adoh kudu liwat sawah, nah pas perjalanan aku biasa golek welut/yuyuu trus neng pinggir2
sawah kan biasane enek uwit2 kyo jeruk,kelopo,coklat,apel,ceri,salak nah sambil leren aku bek konco2ku ngiyup ambek jimuk i buah2, sakjane i buahe tek uwong
tpi bene koyoe yo ra tau di unduh buahe, aku sering nemoni ulo liwat neng perjalanan tpi wis biasa.. sbelum teko kali aku liwati alas pring (hutan pohon bambu)
koncoku piyan i ko omah pasti wis siap gowo golok sakjane ge belah degan ambek ge beteti iwak kan iwak e ga di gowo mulih tapi dibakar langsung pinggir kali
trus si galang nduwe ide bar mangan iwak gae rakit, podo setuju yowis lah sakjane aku rodok wedi numpak rakit gawean dewe soale kali brantas i janjeru trus aruse kenceng,
ko alas ampek kali kabeh podo gotogi pring siji2, pas mancing entuk iwak tombro semacem mujair tpi luweh gedi.. bar mangan iwak langsung gae rakit ko pring mau,
pas wis dadi aku ndelok enek debong gedang pikirku "tambahi kuwi ae yo tengen kiwone rakit ben tambah kuat ngapunge".
konco2ku i numpak kwi ra kawatir samar lek ilang anyun neng kalen opo piye, soale kali brantas i ngelewati daerah brang kidul nah brang kidul i akeh kyo watu2 ko gunung,
trus pas tekan kono, kaline maleh cetek sedengkul nah pas ampe daerah kono aku konco2ku mudun ko rakit trus mulih. neh saiki ga ngliwati sawah tapi ngliwat alas (hutan)
itu secuil ceritaku pas masih dikampung menyenangkan bisa berpetualang bersama temen..

  

1 comment: